Rabu, 02 November 2011
Le...
.
Le...
rumangsaku lagi dek wingi sore
tak emban kowe nganggo slendang sandhatan..
karo dak nyanyekke lagu bermain layang-layang..
mlungker nylempit nang bangkek-an
hla kok dek wingi ora krasa..
kowe wis winisuda..
Le...
urip ngono ora gampang
lan sak iki nembe kawiwitan kanggomu
maknane urip kang sakbenere
Ya mung welingku..
tetepa dadi wong sing andhap asor..
aja blereng gilape donya..
aja ngadoh saka kang kuasa
Le...
rumangsaku lagi dek wingi sore
tak emban kowe nganggo slendang sandhatan..
karo dak nyanyekke lagu bermain layang-layang..
mlungker nylempit nang bangkek-an
hla kok dek wingi ora krasa..
kowe wis winisuda..
Le...
urip ngono ora gampang
lan sak iki nembe kawiwitan kanggomu
maknane urip kang sakbenere
Ya mung welingku..
tetepa dadi wong sing andhap asor..
aja blereng gilape donya..
aja ngadoh saka kang kuasa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar