Sugeng Tanggap Warsa
nalikaning baskara sumunar
anyemburat ana akasa
kairing sabda laksa kukila
mecah sideming bawana
angawiti tekane dina
sedulur…..
ana ing ari respati cemengan
nemahi wanci tanggal 25 Juni
atur bahgya… atur bahgya….
sugeng tanggap warsa
tanggap warsa kuwi mung tambah yuswa
lan tambahing yuswa kuwi pratanda
supaya kita luwih wicaksana
lan manembah marang kang kwasa
sedulur….
aku tansah memuji lan nyenyuwun
mugi kang kwasa tansah anyinungi
marang lampahing urip ira
kanggo sedulur ing friendster

Tidak ada komentar:
Posting Komentar